(Ing
sawijinig desa, ana janda sing asmane Nyi Randa Tarub. Garwane wis suwi
dipundhut Gusti ingkang maha kuwasa. Ing sawijining dina, Nyi Randa Tarub arep
ziarah menyang makame garwane. Nalika tekan ing makam iku, Nyi Randa Tarub
ketemu wong lanang sing nembe nggendong bayi nangis)
Ki Ageng Gribig :
“Nyi Randa Tarub….! Opo kowe gelem tak wenehi anak?”
Nyi Randa Tarub :
“Kisanak, punika sinten?”
Ki
Ageng Gribig : “Aku bapak
saka anak iki, tapi aku ora bisa ngopeni
anak iki, aku kudu njelajahi tanah jawa, apa kowe gelem ngopeni anak iki?”
Nyi
Randa Tarub : “ Nggih,
kisanak kula purun. Sampun dangu kula kepingin gadhah putra.”
Ki
Ageng Gribig : ”Neg ngono,
tampanen anak iki, anggep kaya anakmu dhewe.”
Nyi
Randa Tarub : “Maturnuwun
Gusti… Matur nuwun... Alhamdulilah.”
Ki
Ageng Gribig “ Anak iki
tak wenehi jeneng, Kidang Telengkas amarga ibuke wektu iku lagi tapa ngijang”
SETTING 2
Jaka
Tarub : “Waduh,
wes awan kaya ngene, aku durung entuk kewan siji sijio. Simbok arep dhahar apa
dina iki?”
Kancane
Jaka : “Iyo, iki piye. Kewan- kewan pada ning ngendi ya?
Aku wes kesel iki. Aku arep mulih wae ya,”
Jaka
Tarub : “Yowes,
muliha kana, aku arep ngaso ning kene wae disik.”
(Nalika Jaka Tarub lagi ngaso, Jaka Tarub krungu
swara-swara wong wadon saka telaga. Bareng ngerti sumber swara iku, Jaka kaget)
Jaka
Tarub : “Sopo
kuwi? Ayune… Apa iku peri alas? Utawa
bidadari sing mudun saka kahyangan?”
(Jaka tarub ndelok wong wedok mau lagi adus. Ana klambi
ing pinggir telaga. Ora ngerti kenapa, Jaka ujuk-ujuk nduwe niat ala, dheweke
terus njupuk salah siji klambi sing ana ing pinggir telaga kuwi)
Bidadari
1 : “Adik
adikku, iki wes arep wengi, ayo mentas ndang mulih menyang kahyangan”
(Bidadari-bidadari mau terus pada mentas, njupuk
selendang. Ananging selendange Nawang Wulan ora ono)
Nawang
Wulan : “Lho, selendangku
ning ngendi? Selendangku ilang, piye iki?”
Bidadari
2 : “Ilang? Kok
iso? Ayo goleki bareng-bareng.”
Bidadari
1 : “Eh, dino
uwis tambah wengi, kene kudu cepet-cepet mulih.”
Nawang
Wulan : ”Tapi, kepiye
nasibku, mbakyu?”
Bidadari
2 : “Kene ora bisa
ngewangi opo opo. Kene kepekso ninggal kowe.”
(Nawang Wulan banjur nangis amarga ditinggal
kanca-kancane balik menyang kahyangan)
Nawang
Wulan : “Kepriye iki? Aku
janji, yen ono sing bisa nulungi aku, yen lanang bakal tak dadekake garwa, yen
wadon bakal dak dadekake sedulur.”
(Terus
Jaka Tarub teka, nyedhaki Nawang Wulan)
Jaka Tarub : “Ana apa Nisanak? Kenapa kowe
nangis?”
Nawang Wulan : “Kula, kula mboten saged medal saking mriki amarga
rasukan kula ical.”
Jaka Tarub : “Oh, saakene nasibmu. Aku kepingin
nulungi kowe, opo kowe gelem?”
(Nawang Wulan ngangguk)
Jaka Tarub : ”Iki,nggonen jarik iki kanggo
nutupi awakmu.”
(Nawang Wulan nganggo jarik)
Nawang Wulan : “Maturnuwun, kisanak. Nami kula Nawang Wulan. Panjenengan sinten?”
Jaka Tarub : “Aku Jaka Tarub. Omahmu ning
ngendi?”
Nawang
Wulan : “Griya kula wonten
kahyangan. Kula wonten mriki kangge adus. Nalika kula badhe mentas, selendang
kula sampun mboten wonten. Lan kula sampun janji, pramila wonten ingkang
nulungi kula, bakal kula dadosaken garwa.”
Jaka Tarub : “Yen ngono, kowe kudu mulih
ning omahku amarga aku uwis nulungi kowe.”
SETTING 3
(Bareng tekan menyang omahe, Jaka Tarub pamer kalian Nyi Randa Tarub)
Jaka Tarub : “Mbooook, anakmu wangsul”
Nyi Randa Tarub : “Eh,
anakku, iki sopo?”
Jaka
Tarub : “Punika
Nawang Wulan. Kula nyuwun pangestu badhe nikah kalian Nawang Wulan, Mbok.”
Nyi Randa Tarub : “Iyo
nang, tak pangestuni kowe yen arep nikah karo bocah ayu iki.”
Jaka Tarub lan Nawang Wulan :
“Maturnuwun mbok.”
(Nawangwulan salim karo simbok)
SETTING 4
(Nawang wulan arep masak. Lajeng nitipke Nawangsih,
putrine ning Jaka Tarub.
Nawang Wulan : “Kakang, kula nitip Nawangsih nggih. Kula badhe
masak.”
Jaka Tarub : “Ya.”
(Ning lumbung padi, Nawang Wulan nemu barang)
Nawang
Wulan : “Opo iki? Oh klambiku…!
Iki klambi sing ilang nalika aku adus ning kali mbiyen. Opo kakang Jaka sing njupuk?
Ananging kenapa kakang etok-etok ora ngerti?”
(Nawang wulang nganggo pakaian sing ditemu ing lumbung
padi mau)
Jaka Tarub : “Kenapa Nawangwulan suwi
banget ya?”
(Nawangwulan muncul)
Nawang Wulan : “Kakang Jaka, kula badhe pamit, wangsul menyang
kahyangan.”
Jaka Tarub : “Dewi, enteni sedelok. Aku
pancen salah, aku njaluk ngapura. Terus piye nasibe nawangsih yen kowe lunga?”
Nawang
Wulan : “Panjenengan wis
ngapusi aku, Kang! Opo panjenengan pikir iso ngapusi aku sak teruse? Aku pancen
ora tegel ninggal Nawangsih, tapi…. aku kepekso.”
Jaka Tarub : “Nawangwulan, opo iki ora iso
diomongke apik-apik?”
Nawang
Wulan : “Mboten, Kang.
Kodrat kula punika bidadari. Kula kedhah wangsul dhateng kahyangan.”
EPILOG
Akhire
Nawang Wulan bali menyang kahyangan,
ninggalke Nawangsih lan Jaka Tarub. Nawangwulan njaluk digawekke danau ning
cedak pondoke Jaka Tarub. Supaya Nawangwulan bisa nyusoni Nawangsih pendak wengi.