Saturday, October 27, 2012

JAKA TARUB

SETTING 1
(Ing sawijinig desa, ana janda sing asmane Nyi Randa Tarub. Garwane wis suwi dipundhut Gusti ingkang maha kuwasa. Ing sawijining dina, Nyi Randa Tarub arep ziarah menyang makame garwane. Nalika tekan ing makam iku, Nyi Randa Tarub ketemu wong lanang sing nembe nggendong bayi nangis)
Ki Ageng Gribig                 : “Nyi Randa Tarub….! Opo kowe gelem tak wenehi anak?”
Nyi Randa Tarub               : “Kisanak, punika sinten?”
Ki Ageng Gribig                 : “Aku bapak saka anak  iki, tapi aku ora bisa ngopeni anak iki, aku kudu   njelajahi tanah jawa, apa kowe gelem ngopeni anak iki?”
Nyi Randa Tarub               : “ Nggih, kisanak kula purun. Sampun dangu kula kepingin gadhah putra.”
Ki Ageng Gribig                 : ”Neg ngono, tampanen anak iki, anggep kaya anakmu dhewe.”
Nyi Randa Tarub               : “Maturnuwun Gusti… Matur nuwun... Alhamdulilah.”
Ki Ageng Gribig                 “ Anak iki tak wenehi jeneng, Kidang Telengkas amarga ibuke wektu iku lagi tapa ngijang”
SETTING 2
Jaka Tarub                           : “Waduh, wes awan kaya ngene, aku durung entuk kewan siji sijio. Simbok arep dhahar apa dina iki?”
Kancane Jaka                     : “Iyo,  iki piye. Kewan- kewan pada ning ngendi ya? Aku wes kesel iki. Aku arep mulih wae ya,”
Jaka Tarub                           : “Yowes, muliha kana, aku arep ngaso ning kene wae disik.”
(Nalika Jaka Tarub lagi ngaso, Jaka Tarub krungu swara-swara wong wadon saka telaga. Bareng ngerti sumber swara iku, Jaka kaget)
Jaka Tarub                           : “Sopo kuwi? Ayune…  Apa iku peri alas? Utawa bidadari sing mudun saka kahyangan?”
(Jaka tarub ndelok wong wedok mau lagi adus. Ana klambi ing pinggir telaga. Ora ngerti kenapa, Jaka ujuk-ujuk nduwe niat ala, dheweke terus njupuk salah siji klambi sing ana ing pinggir telaga kuwi)
Bidadari 1                            : “Adik adikku, iki wes arep wengi, ayo mentas ndang mulih menyang kahyangan”
(Bidadari-bidadari mau terus pada mentas, njupuk selendang. Ananging selendange Nawang Wulan ora ono)
Nawang Wulan                 : “Lho, selendangku ning ngendi? Selendangku ilang, piye iki?”
Bidadari 2                         : “Ilang? Kok iso? Ayo goleki bareng-bareng.”
Bidadari 1                         : “Eh, dino uwis tambah wengi, kene kudu cepet-cepet mulih.”
Nawang Wulan                 : ”Tapi, kepiye nasibku, mbakyu?”
Bidadari 2                         : “Kene ora bisa ngewangi opo opo. Kene kepekso ninggal kowe.”
(Nawang Wulan banjur nangis amarga ditinggal kanca-kancane balik menyang kahyangan)
Nawang Wulan                 : “Kepriye iki? Aku janji, yen ono sing bisa nulungi aku, yen lanang bakal tak dadekake garwa, yen wadon bakal dak dadekake sedulur.”
(Terus Jaka Tarub teka, nyedhaki Nawang Wulan)
Jaka Tarub                       : “Ana apa Nisanak? Kenapa kowe nangis?”
Nawang Wulan                 : “Kula, kula mboten saged medal saking mriki amarga rasukan kula ical.”
Jaka Tarub                       : “Oh, saakene nasibmu. Aku kepingin nulungi kowe, opo kowe gelem?”
(Nawang Wulan ngangguk)
Jaka Tarub                       : ”Iki,nggonen jarik iki kanggo nutupi awakmu.”
(Nawang Wulan nganggo jarik)
Nawang Wulan                 : “Maturnuwun, kisanak. Nami  kula Nawang Wulan. Panjenengan sinten?”
Jaka Tarub                       : “Aku Jaka Tarub. Omahmu ning ngendi?”
Nawang Wulan                 : “Griya kula wonten kahyangan. Kula wonten mriki kangge adus. Nalika kula badhe mentas, selendang kula sampun mboten wonten. Lan kula sampun janji, pramila wonten ingkang nulungi kula, bakal kula dadosaken garwa.”
Jaka Tarub                           : “Yen ngono, kowe kudu mulih ning omahku amarga aku uwis nulungi kowe.”
SETTING 3
(Bareng tekan menyang omahe,  Jaka Tarub pamer kalian Nyi Randa Tarub)
Jaka Tarub                           : “Mbooook, anakmu wangsul”
Nyi Randa Tarub               : “Eh, anakku, iki sopo?”
Jaka Tarub                           : “Punika Nawang Wulan. Kula nyuwun pangestu badhe nikah kalian Nawang Wulan, Mbok.”
Nyi Randa Tarub               : “Iyo nang, tak pangestuni kowe yen arep nikah karo bocah ayu iki.”
Jaka Tarub lan Nawang Wulan    : “Maturnuwun mbok.”
(Nawangwulan salim karo simbok)
SETTING 4
(Nawang wulan arep masak. Lajeng nitipke Nawangsih, putrine ning Jaka Tarub.
Nawang Wulan                 : “Kakang, kula nitip Nawangsih nggih. Kula badhe masak.”
Jaka Tarub                           : “Ya.”
(Ning lumbung padi, Nawang Wulan nemu barang)
Nawang Wulan                 : “Opo iki? Oh klambiku…! Iki klambi sing ilang nalika aku adus ning kali mbiyen. Opo kakang Jaka sing njupuk? Ananging kenapa kakang etok-etok ora ngerti?”
(Nawang wulang nganggo pakaian sing ditemu ing lumbung padi mau)
Jaka Tarub                           : “Kenapa Nawangwulan suwi banget ya?”
(Nawangwulan muncul)
Nawang Wulan                 : “Kakang Jaka, kula badhe pamit, wangsul menyang kahyangan.”
Jaka Tarub                          : “Dewi, enteni sedelok. Aku pancen salah, aku njaluk ngapura. Terus piye nasibe nawangsih yen kowe lunga?”
Nawang Wulan                 : “Panjenengan wis ngapusi aku, Kang! Opo panjenengan pikir iso ngapusi aku sak teruse? Aku pancen ora tegel ninggal Nawangsih, tapi…. aku kepekso.”
Jaka Tarub                           : “Nawangwulan, opo iki ora iso diomongke apik-apik?”
Nawang Wulan                 : “Mboten, Kang. Kodrat kula punika bidadari. Kula kedhah wangsul dhateng kahyangan.”

EPILOG
Akhire Nawang  Wulan bali menyang kahyangan, ninggalke Nawangsih lan Jaka Tarub. Nawangwulan njaluk digawekke danau ning cedak pondoke Jaka Tarub. Supaya Nawangwulan bisa nyusoni Nawangsih pendak wengi.